Yen ngomongake babagan kuliner, Agung ora gelem keri. Senajan dheweke lanang nanging ora beda adoh karo wanita sing karem karo masakan-masakan. Saben ana kalodhangan dikober-koberake maca majalah utawa koran sing isine maneka warna resep masakan. Apa maneh yen stasiun televisi dhong nayangake pak Bondan ing acara wisata kuliner. Wis ta, mbok repota kaya ngapa dheweke ora arep mingked saka ngarep tivi. Kasenengane Agung karo donyaning panganan ora cocog karo pagaweyane minangka kontraktor. Iya nek dheweke ki koki ngono lumrah. esuk kuwi hawane kutha Batu adhem njekut. Bun-bun tumetes saka gegodhongan. Saka jendhelane hotel Handayani, Agung nyawang kaendahane swasana ing wayah esuk. Sinambi maca koran, bola-bali dheweke nyruput kopi susu. Pancen wayah semono kuwi sing paling enak ngombe kopi, nyamikane tela goreng karo gedhang goreng. Rokoke kretek cap Dewi Kunthi. Jan mak nyus tenan. “Gung, aja lali lo, jam pitu kudu wis ana ball room. Mula saiki enggal adusa gek medhun terus sarapan,” cluluke Yudit, kanca sakamare Agung. Tenang wae. Paling-paling acarane molor Dit. Biyasa, jam karet,” wangsulane Agung sing isih dhudhuk manis karo maca koran.“Aja ngono Gung. Dina iki awak dhewe kudu menang tendher. Yen nganti kalah maneh, kontraktore awake dhewe mengko bisa kesaingan karo Putri Karya. Ngerti dhewe ta antarane awak dhewe karo Putri Karya kuwi wis suwe anggone saingan. Apamaneh awake dhewe iki minangka kontraktor papan atas. Liyane kuwi mung kontraktor kelas teri. Mosok awak dhewe arep nggarap proyek cilik-cilikan? Mengko lak ya mundhak diguyu pak Rahmad bose rumah makan Waderi Sea Food. Apa kowe ora butuh sarapan barang, neng jadwal wis tinulis yen sawise sarapan udakara jam pitu kurang, langsung tumuju ball room.” Sakala Agung menyat saka kursine nyaut andhuk age-age nuju kamar mandi. Agung lan Yudit padha-padha pandhemen kuliner. Bedane, Yudit ora patiya fanatik kaya Agung jrone mburu masakan utawa panganan sing disenengi. Ya mung soto lan rawon wae sing dadi karemane Yudit. Bubar adus wong loro banjur mudhun nuju ruwang makan. Ing kono wis cumawis maneka warna menu sarapan sangombene. Ana nila bakar, sate, sop iga sapi, ayam panggang lan liya-liyane. Kaya-kaya ing acara wisata kulinere pak Bondan, kabeh masakan cumepak tur sarwa enak. Nila bakar, oseng-oseng kangkung, sate ayam Ponorogo gage diwadhahi piring lan digawa menyang meja mangan. “Ngene iki lo Dit sing jenenge wisata kuliner. Klakon tenan ta aku dadi pak Bondan, jan mak nyus. Sing penting wetenge wareg, ben tendhere awak dhewe mengko menang.” kandhane Agung nganggo banyolane sing khas. Jam pitu punjul seprapat tendher wis diwiwiti. Siji mbaka siji peserta padha mresentasekake konsepe dhewe-dhewe. Sapa sing menang saka tendher iki bakal nggarap proyek pembangunan gedhong tingkat wolu sacedhake rumah sakit Griya Harapan Malang. Bareng wayahe pengumuman, Mitra Anugrah Karya perusahaane Agung kasil menangake tendher sawise ngalahake….
ndi ki terusane?
BalasHapusndi ki terusane?
BalasHapusCasinos near me - JTG Hub
BalasHapusA 포항 출장마사지 map showing casinos and other gaming 포항 출장샵 facilities located near me, located in United States of America 익산 출장안마 at the height 충청남도 출장마사지 of the Great Depression, located 시흥 출장안마 just outside