Kamis, 23 Juni 2016

CEKER KUNTILANAK

Yen ngomongake babagan kuliner, Agung ora gelem keri. Senajan dheweke lanang nanging ora beda adoh karo wanita sing karem karo masakan-masakan. Saben ana kalodha­ng­an dikober-koberake maca majalah utawa koran sing isine maneka warna resep masakan. Apa maneh yen stasiun televisi dhong nayangake pak Bondan ing acara wisata kuliner. Wis ta, mbok re­pota kaya ngapa dheweke ora arep ming­ked saka ngarep tivi. Kasenengane Agung karo donyaning panganan ora co­cog karo pagaweyane minangka kontrak­tor. Iya nek dheweke ki  koki ngono lumrah. esuk kuwi hawane kutha Batu  adhem njekut. Bun-bun tumetes saka gego­dhong­an. Saka jendhelane hotel Handa­yani, Agung nyawang kaendahane swa­sana ing wayah esuk. Sinambi maca ko­ran, bola-bali dheweke nyruput kopi su­su. Pancen wayah semono kuwi sing pa­ling enak ngombe kopi, nyamikane tela go­reng karo gedhang goreng. Rokoke kretek cap Dewi Kunthi. Jan mak nyus tenan. “Gung, aja lali lo, jam pitu kudu wis ana ball room. Mula saiki enggal adusa gek medhun terus sarapan,” cluluke Yu­dit, kanca sakamare Agung. Tenang wae. Paling-paling acarane molor Dit. Biyasa, jam karet,” wangsula­ne Agung sing isih dhudhuk manis karo ma­ca koran.“Aja ngono Gung. Dina iki awak dhewe kudu menang tendher. Yen nganti kalah ma­neh, kontraktore awak­e dhewe meng­ko bisa kesaingan ka­ro Putri Karya. Ngerti dhewe ta antarane awak dhewe karo Putri Karya kuwi wis suwe anggone saing­an. Apamaneh awake dhewe iki minangka kontraktor papan atas. Liyane kuwi mung kontraktor kelas teri. Mosok awak dhe­we arep nggarap pro­yek cilik-cilikan? Meng­ko lak ya mundhak di­guyu pak Rahmad bose rumah makan Waderi Sea Food. Apa kowe ora butuh sarapan barang, neng jadwal wis tinulis yen sawise sarapan uda­ka­ra jam pitu kurang, langsung tumuju  ball room.” Sakala Agung menyat saka kursine nyaut andhuk age-age nuju kamar man­di. Agung lan Yudit padha-padha pan­dhemen kuliner. Bedane, Yudit ora patiya fanatik kaya Agung jrone mburu masak­an utawa panganan sing disenengi. Ya mung soto lan rawon wae sing dadi karemane Yudit. Bubar adus wong loro banjur mu­dhun nuju ruwang makan. Ing kono wis cu­mawis maneka warna menu sarapan sangombene. Ana nila bakar, sate, sop iga sapi, ayam panggang lan liya-liyane. Kaya-kaya ing acara wisata kulinere pak Bondan, kabeh masakan cumepak tur sarwa enak. Nila bakar, oseng-oseng kangkung, sate ayam Ponorogo gage diwadhahi piring lan digawa menyang meja mangan. “Ngene iki lo Dit sing jenenge wisata kuliner. Klakon tenan ta aku dadi pak Bon­dan, jan mak nyus. Sing penting wetenge wareg, ben tendhere awak dhewe meng­ko menang.” kandhane Agung nganggo banyolane sing khas. Jam pitu punjul seprapat tendher wis diwiwiti. Siji mbaka siji peserta padha mresentasekake konsepe dhewe-dhe­we. Sapa sing menang saka tendher iki bakal nggarap proyek pembangunan gedhong tingkat wolu sacedhake rumah sa­kit Griya Harapan Ma­lang. Bareng wayahe pengumuman, Mitra Anugrah Karya peru­sahaane Agung kasil menangake tendher sawise ngalahake….

3 komentar:

  1. Casinos near me - JTG Hub
    A 포항 출장마사지 map showing casinos and other gaming 포항 출장샵 facilities located near me, located in United States of America 익산 출장안마 at the height 충청남도 출장마사지 of the Great Depression, located 시흥 출장안마 just outside

    BalasHapus