Kamis, 23 Juni 2016

SILUMAN GUNUNG KUNCUNG



Jaman tansaya kejem  ya, Kang?” keprungu swarane wong wadon mecah sepine kahanan, ing selane udan sing rada deres. Sing dijak omong ora enggal nyauri. Ing njaba kana, tume­tese banyu sing nibani gego­dhongan, dibarengi ngoreke kodhok plenthus, nambahi swa­sana rendheng tambah re­geng-gayeng.
“Maksudmu priye, Nem?”
Wiwit aku isih bocah nganti rabi karo sampeyan, durung tau manoni ana wong disamber bledheg,” wadon anak telu aran Minem mau mbacutake omongane.
“Lha, saiki?”
“Saiki saben mangsa udan akeh wong sing disamber ble­dheg. Kena dititeni, pokok esuk nganti awan panas ndran­dhang, bubar sholat Duhur men­dhung peteng ndhedhet mayungi bumi, adate mesthi ana pras­tawa tragis ngono kuwi.”
“Tragis kuwi apa ta, Nem?” sing la­nang mbanyol, najan dheweke wis ngerti maknane.
“Tragis kuwi, meden-medeni lan ngeget-geti, Kang,” Minem njawab sa­gaduke.
“Eee, alah. Njur, teruse priye?”
“Teruse?”
“Ya.”
“Mbok sampeyan ora usah budhal wae, Kang,” Minem nyedhaki Karsono.
Karsono mesem cemplang. Ujare, “Upa­ma aku ora golek iwak njur sing di­pangan sesuk apa, Nem?”
“Biyasa, Kang. Tetep kaya wektu-wek­tu sadurunge.”
“Sega, ta?”
“Mesthi ta, Kang,” Minem nyauri, nggla­yem. “Apa ya sampeyan gelem mangan liyane?”
“Terus kanggo tuku beras apa?” ucape mripate Karsono karo nyawang  wengi sing lelimengan diselani gume­byare kilat.
“Dhuwit.”
“Dhuwite sapa?”

“Saka sampeyan, Kang.”
“Yen ora duwe dhuwit?”
“Golek.”
Karsono meneng maneh. Jala lan ke­pis gedhe sing wiwit sore mau wis dice­pakake ana sandhing kandhang pitik eng­gal digeret metu.
“Aku tak budhal. Ora usah dipenggak. Arepa muni priye wae, mung iki dalane awake dhewe oleh rejeki. Baturana turu bocah-bocah kuwi. Yen aku wis metu, ndang tutupen lawange. Saiki usum ma­ling, usum rampog. Wis, ya,” Karsono nya­lami bojone.
Minem nyawang bojone kanthi ati was-sumelang:”Muga-muga oleh asil sing akeh, Kang,”
“Dongamu muga kinabulan, Nem.”
Nalika Karsono ninggalake omah, de­rese udan wis ilang. Banyu sing ceblok sa­ka langit mung kari grimis. Karsono ora butuh tutup awak. Mula…………..

1 komentar: