Kamis, 23 Juni 2016

BANK DHEMIT

Ki Warayang njondhil ketang kagete. “Yen kena tak elikake, aja! Gedhe risikone,” kandhane. Aku ngeleg idu, “Kula sam­pun mboten gadhah pilihan sanes”.

“Kapan lairmu?” Ki Wara­yang takon. Tak sebut jang­kep dina, tanggal, sasi lan taun kelairanku, wanci can­dhik ala mbarengi surup.“Hmmm, wayah julung caplok,” ucape. Ki Sapa Aruh nyaut, “Neptu lan dina pasa­ran kelairanmu dhewe uga ala. Tiba petung lebu katiyup angin. Pantes rejekimu se­ret”.

Aku bali takon kramatan ngendi sing paling majras. “Akeh. Panggonan kanggo se­kuthon karo setan ngono mau sasat pating tlecek,”  wangsulane Ki Warayang. Ing bang wetan, umpamane, sacedhake kutha cilik Bencu­luk sakidul Ragajampi, ana sawenehe wa­tu leter sing dumunung neng satengahe alas. Watu mau mujudake pundhen tum­rape para pawongan pamuja pasugihan babi ngepet.

Neng Slamaran, sawetan Pesisir Pa­sir Kencana, Pekalongan, asring dinggo panyuwunan bandha ora kalal marang Dewi Lanjar. Ing Klaten tinemu krajane thuyul. Dene sak lore kali cilik kang mili ing Desa Demakan, Kecamatan Mojola­ban, Sukoharjo, jinis pesugihane aran jenglot. Sauntara kuwi Gunung Selok, kalebu wewengkon Kecamatan Adipala, Kabupaten Cilacap nyimpen guwa-guwa angker. Salah siji ing antarane bentuk pe­sugihan ing kene arupa bank dhemit.“Mung, kabeh mau ora gratis. Ana wadal lan pitukone. Mula becik wurungna kekarepanmu. Gawat le, akibate. Sawa­ngen, azab sing dialami bapakmu iki mbok­menawa isih kepetung entheng katandhing pasiksan kang bakal kok alami mbesuke,” sambunge Ki Sapa Aruh nandhes.Swasana njero zal VIP amem. Aku lagi ketungkul mikir apa sing bubar di­kojahake Ki Warayang mau. Bank dhe­mit? Lagi iki tak rungu, lan terus terang langsung narik kawigatenku“Kadospundi caranipun kula saged sesambetan kaliyan bank dhemit, Ki,” ucapku.

Ki Warayang nyawang Ki Sapa Aruh, banjur kandhane, “Yen pancen wis gilig tekadmu, mangkata suk Kemis Legi, sasi Sura ngarep iki wayah rembulan mati. Angkahen tekamu ngepasi tengah we­ngi,” ujare Ki Warayang karo ora lali ngga­wani aku kembang cengkeh garing cacah telu sing mbesuke kudu tak pa­srahake marang jurukuncine Guwa Gru­jugan, Gunung Selok.

Manjing sore aku ndhisiki pamit. Ki Sapa Aruh nyandhet jangkahku. Lemba­ran koran lawas sing gemlethak neng meja disuwek saukuran amplop kabinet, terus dilempit cilik, banjur dilebokake sak clanaku. “Mengko wenehna bojomu,” kan­dhane bisik-bisik.

Tekan omah, Retie, bojoku, wis nye­gat pindha gupala neng tengah lawang. Tanpa dipurwakani tembung manis uta­wa polatan sumeh dheweke wis nyuwa­ra ladak kebak pangancam, “Endi dhu­wite. Nganti ora nggawa, awas!”.
githokku mruntus kringeten. Kertas lempitan sasuwek saka Ki Sapa Aruh tak ulungake sinambi ndremimil ndonga sa­bisaku. Aneh. Retie sakala…………..

6 komentar: