Kamis, 23 Juni 2016

BANK DHEMIT

Ki Warayang njondhil ketang kagete. “Yen kena tak elikake, aja! Gedhe risikone,” kandhane. Aku ngeleg idu, “Kula sam­pun mboten gadhah pilihan sanes”.

“Kapan lairmu?” Ki Wara­yang takon. Tak sebut jang­kep dina, tanggal, sasi lan taun kelairanku, wanci can­dhik ala mbarengi surup.“Hmmm, wayah julung caplok,” ucape. Ki Sapa Aruh nyaut, “Neptu lan dina pasa­ran kelairanmu dhewe uga ala. Tiba petung lebu katiyup angin. Pantes rejekimu se­ret”.

Aku bali takon kramatan ngendi sing paling majras. “Akeh. Panggonan kanggo se­kuthon karo setan ngono mau sasat pating tlecek,”  wangsulane Ki Warayang. Ing bang wetan, umpamane, sacedhake kutha cilik Bencu­luk sakidul Ragajampi, ana sawenehe wa­tu leter sing dumunung neng satengahe alas. Watu mau mujudake pundhen tum­rape para pawongan pamuja pasugihan babi ngepet.

Neng Slamaran, sawetan Pesisir Pa­sir Kencana, Pekalongan, asring dinggo panyuwunan bandha ora kalal marang Dewi Lanjar. Ing Klaten tinemu krajane thuyul. Dene sak lore kali cilik kang mili ing Desa Demakan, Kecamatan Mojola­ban, Sukoharjo, jinis pesugihane aran jenglot. Sauntara kuwi Gunung Selok, kalebu wewengkon Kecamatan Adipala, Kabupaten Cilacap nyimpen guwa-guwa angker. Salah siji ing antarane bentuk pe­sugihan ing kene arupa bank dhemit.“Mung, kabeh mau ora gratis. Ana wadal lan pitukone. Mula becik wurungna kekarepanmu. Gawat le, akibate. Sawa­ngen, azab sing dialami bapakmu iki mbok­menawa isih kepetung entheng katandhing pasiksan kang bakal kok alami mbesuke,” sambunge Ki Sapa Aruh nandhes.Swasana njero zal VIP amem. Aku lagi ketungkul mikir apa sing bubar di­kojahake Ki Warayang mau. Bank dhe­mit? Lagi iki tak rungu, lan terus terang langsung narik kawigatenku“Kadospundi caranipun kula saged sesambetan kaliyan bank dhemit, Ki,” ucapku.

Ki Warayang nyawang Ki Sapa Aruh, banjur kandhane, “Yen pancen wis gilig tekadmu, mangkata suk Kemis Legi, sasi Sura ngarep iki wayah rembulan mati. Angkahen tekamu ngepasi tengah we­ngi,” ujare Ki Warayang karo ora lali ngga­wani aku kembang cengkeh garing cacah telu sing mbesuke kudu tak pa­srahake marang jurukuncine Guwa Gru­jugan, Gunung Selok.

Manjing sore aku ndhisiki pamit. Ki Sapa Aruh nyandhet jangkahku. Lemba­ran koran lawas sing gemlethak neng meja disuwek saukuran amplop kabinet, terus dilempit cilik, banjur dilebokake sak clanaku. “Mengko wenehna bojomu,” kan­dhane bisik-bisik.

Tekan omah, Retie, bojoku, wis nye­gat pindha gupala neng tengah lawang. Tanpa dipurwakani tembung manis uta­wa polatan sumeh dheweke wis nyuwa­ra ladak kebak pangancam, “Endi dhu­wite. Nganti ora nggawa, awas!”.
githokku mruntus kringeten. Kertas lempitan sasuwek saka Ki Sapa Aruh tak ulungake sinambi ndremimil ndonga sa­bisaku. Aneh. Retie sakala…………..

CEKER KUNTILANAK

Yen ngomongake babagan kuliner, Agung ora gelem keri. Senajan dheweke lanang nanging ora beda adoh karo wanita sing karem karo masakan-masakan. Saben ana kalodha­ng­an dikober-koberake maca majalah utawa koran sing isine maneka warna resep masakan. Apa maneh yen stasiun televisi dhong nayangake pak Bondan ing acara wisata kuliner. Wis ta, mbok re­pota kaya ngapa dheweke ora arep ming­ked saka ngarep tivi. Kasenengane Agung karo donyaning panganan ora co­cog karo pagaweyane minangka kontrak­tor. Iya nek dheweke ki  koki ngono lumrah. esuk kuwi hawane kutha Batu  adhem njekut. Bun-bun tumetes saka gego­dhong­an. Saka jendhelane hotel Handa­yani, Agung nyawang kaendahane swa­sana ing wayah esuk. Sinambi maca ko­ran, bola-bali dheweke nyruput kopi su­su. Pancen wayah semono kuwi sing pa­ling enak ngombe kopi, nyamikane tela go­reng karo gedhang goreng. Rokoke kretek cap Dewi Kunthi. Jan mak nyus tenan. “Gung, aja lali lo, jam pitu kudu wis ana ball room. Mula saiki enggal adusa gek medhun terus sarapan,” cluluke Yu­dit, kanca sakamare Agung. Tenang wae. Paling-paling acarane molor Dit. Biyasa, jam karet,” wangsula­ne Agung sing isih dhudhuk manis karo ma­ca koran.“Aja ngono Gung. Dina iki awak dhewe kudu menang tendher. Yen nganti kalah ma­neh, kontraktore awak­e dhewe meng­ko bisa kesaingan ka­ro Putri Karya. Ngerti dhewe ta antarane awak dhewe karo Putri Karya kuwi wis suwe anggone saing­an. Apamaneh awake dhewe iki minangka kontraktor papan atas. Liyane kuwi mung kontraktor kelas teri. Mosok awak dhe­we arep nggarap pro­yek cilik-cilikan? Meng­ko lak ya mundhak di­guyu pak Rahmad bose rumah makan Waderi Sea Food. Apa kowe ora butuh sarapan barang, neng jadwal wis tinulis yen sawise sarapan uda­ka­ra jam pitu kurang, langsung tumuju  ball room.” Sakala Agung menyat saka kursine nyaut andhuk age-age nuju kamar man­di. Agung lan Yudit padha-padha pan­dhemen kuliner. Bedane, Yudit ora patiya fanatik kaya Agung jrone mburu masak­an utawa panganan sing disenengi. Ya mung soto lan rawon wae sing dadi karemane Yudit. Bubar adus wong loro banjur mu­dhun nuju ruwang makan. Ing kono wis cu­mawis maneka warna menu sarapan sangombene. Ana nila bakar, sate, sop iga sapi, ayam panggang lan liya-liyane. Kaya-kaya ing acara wisata kulinere pak Bondan, kabeh masakan cumepak tur sarwa enak. Nila bakar, oseng-oseng kangkung, sate ayam Ponorogo gage diwadhahi piring lan digawa menyang meja mangan. “Ngene iki lo Dit sing jenenge wisata kuliner. Klakon tenan ta aku dadi pak Bon­dan, jan mak nyus. Sing penting wetenge wareg, ben tendhere awak dhewe meng­ko menang.” kandhane Agung nganggo banyolane sing khas. Jam pitu punjul seprapat tendher wis diwiwiti. Siji mbaka siji peserta padha mresentasekake konsepe dhewe-dhe­we. Sapa sing menang saka tendher iki bakal nggarap proyek pembangunan gedhong tingkat wolu sacedhake rumah sa­kit Griya Harapan Ma­lang. Bareng wayahe pengumuman, Mitra Anugrah Karya peru­sahaane Agung kasil menangake tendher sawise ngalahake….

SILUMAN GUNUNG KUNCUNG



Jaman tansaya kejem  ya, Kang?” keprungu swarane wong wadon mecah sepine kahanan, ing selane udan sing rada deres. Sing dijak omong ora enggal nyauri. Ing njaba kana, tume­tese banyu sing nibani gego­dhongan, dibarengi ngoreke kodhok plenthus, nambahi swa­sana rendheng tambah re­geng-gayeng.
“Maksudmu priye, Nem?”
Wiwit aku isih bocah nganti rabi karo sampeyan, durung tau manoni ana wong disamber bledheg,” wadon anak telu aran Minem mau mbacutake omongane.
“Lha, saiki?”
“Saiki saben mangsa udan akeh wong sing disamber ble­dheg. Kena dititeni, pokok esuk nganti awan panas ndran­dhang, bubar sholat Duhur men­dhung peteng ndhedhet mayungi bumi, adate mesthi ana pras­tawa tragis ngono kuwi.”
“Tragis kuwi apa ta, Nem?” sing la­nang mbanyol, najan dheweke wis ngerti maknane.
“Tragis kuwi, meden-medeni lan ngeget-geti, Kang,” Minem njawab sa­gaduke.
“Eee, alah. Njur, teruse priye?”
“Teruse?”
“Ya.”
“Mbok sampeyan ora usah budhal wae, Kang,” Minem nyedhaki Karsono.
Karsono mesem cemplang. Ujare, “Upa­ma aku ora golek iwak njur sing di­pangan sesuk apa, Nem?”
“Biyasa, Kang. Tetep kaya wektu-wek­tu sadurunge.”
“Sega, ta?”
“Mesthi ta, Kang,” Minem nyauri, nggla­yem. “Apa ya sampeyan gelem mangan liyane?”
“Terus kanggo tuku beras apa?” ucape mripate Karsono karo nyawang  wengi sing lelimengan diselani gume­byare kilat.
“Dhuwit.”
“Dhuwite sapa?”

“Saka sampeyan, Kang.”
“Yen ora duwe dhuwit?”
“Golek.”
Karsono meneng maneh. Jala lan ke­pis gedhe sing wiwit sore mau wis dice­pakake ana sandhing kandhang pitik eng­gal digeret metu.
“Aku tak budhal. Ora usah dipenggak. Arepa muni priye wae, mung iki dalane awake dhewe oleh rejeki. Baturana turu bocah-bocah kuwi. Yen aku wis metu, ndang tutupen lawange. Saiki usum ma­ling, usum rampog. Wis, ya,” Karsono nya­lami bojone.
Minem nyawang bojone kanthi ati was-sumelang:”Muga-muga oleh asil sing akeh, Kang,”
“Dongamu muga kinabulan, Nem.”
Nalika Karsono ninggalake omah, de­rese udan wis ilang. Banyu sing ceblok sa­ka langit mung kari grimis. Karsono ora butuh tutup awak. Mula…………..

BENCANA (PAGEBLUG)


PAGEBLUG Mayangkara ora mung dumadi ana jagading pewayangan, nanging nyata-nyata kedadeyan ana jagading kasunyatan. Kedadeyane wis suwe banget, watara taun 1951, ing desaku Desa Weru ketaman dahuru utawa pageblug. Akeh banget sing dadi kurban, bebasan esuk Iara sore mati, sore lara esuk mati. Ing wektu kuwi mbarengi larang pangan, lan larang sandhang wis mesthi. Awit nalika kuwi lagi nem taun Nagara kita Indonesia merdika, dadi isih krasa njareme tilas dadi jajahane bangsa )epang. Tata gelare mono, anane pepati-pepati kuwi amarga desaku ketrajang wabah penyakit pes, sing disebarake dening tikus. Nanging suwaliking wabah pes mau ana kedadeyan ghaib sing ora bisa diwawas nganggo mripat walaka, kang tegese akehe pepati mau amarga dadi kurbane bangsa le lembut. 

Wiwitane lelakon sing nggegirisi mau mangkene. Mbah Rejosetomo, sawijining se sepuh ing desa Weru, sawijining lingsir we ngi, Iawange dithothok uwong saka njaba, bareng dibukak jebul ana dhayoh sing ne neka lan nyalawadi. Dhayoh mau cacahe wa tara wong sepuluh, rupane wong-wong mau durung tau ditepungi dening Mbah Rejo, lan wong-wong neneka mau nyandhang me nganggo kaya Prajurit Kraton. Sawise di manggakake mlebu lan lungguh ana ndhing klik dawa, salah siji pawongan sing sajake dadi pemimpine, takon marang Mbah Rejo setomo. "Ki Rejo, aku arep takon. Sapa wong desa kene sing tumindake dakwenang marang sapadhaning urip, lan sing watake padha adigang-adigung! Bakal taksowanake me nyang ngarsane Kanjeng Ratu, kareben dipa trapi pidana". Mbah Rejo ora mudheng apa sing dita kokake wong nyalawadi iku, ora bisa wang sulan mung meneng bingung lan blangke men. Weruh Ki Rejosetomo ora bisa wangsu lan, wong mau manthuk-manthuk karo ngu cap mangkene : "Ya wis Ki Rejo yen kowe ora ngerti ora dadi ngapa. Kowe aja melumelu, takcekelane wong-wong sing padha duwe watak sawenang-wenang kuwi". Bubar ngucap ngono, dhayoh nyalawadi mau padha pamitan lan diuntapake Mbah Rejo nganti tekan latar. Nanging saiba kaget lan wedine Mbah Rejo, sawise tekan latar, wong-wong nyalawadi mau padha ilang saka pandulu. Mbah Rejo bali mlebu ngomah lung guh karo thenger-thenger. Ora mudheng apa sing dikarepake dhayoh nyalawadi mau lan atine kuwatir ketir-ketir, mikir bakal ana keda deyan apa ing dina-dina candhake. Esuke Mbah Rejo ngabarake lelakon sing dialami mau bengi menyang tangga teparo. Nanging kabar mau ora digatekake dening wongwong desa kono, mung dianggep gawe-ga we, utawa dianggep kabar ngayawara. Sepasar sawise ketekan dhayoh nyalawa di mau, ing desa Weru sawijining wengi dika getake swarane asu baungan, sing mbaung ngalup-alup mecah sepining tengah wengi, sing penere swara baungan mau saka arah ara-ara sakulone desa. Tanpa dikomandho, wong-wong desa padha metu saka ngomah, lan nglumpuk ana dalan prapatan. Saka da lan prapatan, katon sesawangan sing nyala wadi, yakuwi penere ing bulak amba saku lone desa, katon ana obor gedhe ngremo mong. Obor gedhe mau pecah-pecah la men car-mencar dadi sapirang-pirang, nganti prasasat sak ara-ara sakuloning desa kebak wa rata obor utawa colok sing pating klencar. Wong-wong desa kono ngarani, sing obor gedhe kae diarani memedi Kemamang, dene sing obor cilik-cilik mencar-mencar dadi sak tegal kae diarani memedi Colok. Esuke wong-wong desa padha geger opyak, ngen di-endi papan ngandhakake lelakon mau bengi, yen ing bulak kulon desa ana memedi Kemamang lan memedi Colok nganti nge baki ara-ara amba. Telung dina sawise keda deyan kuwi, ing desa Weru katekan asu sing nyalawadi sing cacahe sapirang-pirang. Asuasu kuwi tekane mbuh saka ngendi, sebab asu-asu kuwi yen awan padha teka pating grudug playon turut kebonan lan turut latare wong desa kono, lan yen wengi malah padha ngilang embuh menyang ngendi. Aneh! Sing Iuwih nyalawadi maneh, dene asu-asu kuwi kabeh ulese ireng mulus, tur gedhene racakracak padha. Sawijining esuk latare Lik Pawirodrono disaba asu ireng cacah loro. Asu mau digu sah ora lunga, mung ngenak-enak sajak ora duwe wedi. Lik Pawirodrono jengkel lan nye kel tugelan bongkotan pring petung, asu mau dibabit nganggo bongkotan pring, kena awake lan mlayu karo kaing-kaing. Durung sepira dohe playune, dumadakan asu ireng loro mau ilang musna tanpa tilas. Lik Pawiro drono atine wiwit dheg-dhegan, nggraita yen sing mentas dibabit mau mesthi asu lelembut. Sesuke, sedina sawise lelakon kuwi, Lik Pawirodrono lara panas, lan mung watara sedina utawa rolas jam, Lik Pawirodrono tilar donya. Layon dikubur ana pekuburan kulon Mesjid kanthi becik. Nanging sesuke, Lik Le giyem bojone Pawirodrono ya melu lara pa nas, lan mung watara sewengi larane, lik Legiyem uga tilar donya. Dina-dina candhake, akeh wong desa kono sing padha kena lara panas lan mung watara sedina utawa sewengi, wong sing padha lara mau ora bisa ditambani, lan mes thi ora kalap, utawa tekan patine. Akeh ba nget wong padha dadi korban, enom tuwa, bocah, prawan, jaka sasat warata, saben di nane mesthi ana tangis kepaten, saben dina mesthi ana wong ngusung layon menyang kuburan. Nganti meh seprotelone pedunung desa kono sing mati dadi kurbaning dahuru utawa pageblug. Kerep uga kedadeyan sedi nane ana kepaten nganti pirang-pirang enggon; nganti golek wong nggotong layon wae kangelan. Kerep uga layon sing kudune digo tong wong papat, kepeksa mung digotong wong loro, iya amarga akehe pepati.
Dumadakan saka arah kulon, penere saka bulak amba kulon desa keprungu swara asu mbaung ngalup-alup mecah sepining te ngah wengi. Tukijan lan Tumiyo metu me nyang latar, lan weruh ing bulak kulon desa ana colok pating klencar, lan salah sijine co lok mau katon ngremomong katon luwih ge dhe tinimbang colok liyane. Kanthi ati diwa nek-wanekake, Tukijan lan Tukiyo mlaku ma rani dununge colok sepirang-pirang mau. Bareng wis cedhak watara mung kari seket meter dohe, nom-noman loro kakang adhi mau weruh, ing ara-ara amba utawa ing bu lak kebak asu sing rupane kabeh ireng. Asuasu ireng kabeh mau, sirahe pas mbun-mbunan murub, rupa kaya geni sing tanpa kukus. Ana salah sijine asu sing nyuwara mbaung ngalup-alup, terus diparani asu-asu liyane, kaya-kaya asu mbaung kuwi aweh aba-aba andhahane supaya kumpul. Nyata ne asu sing cacah sapirang-pirang sing teka ne saka pirang-pirang arah kuwi, padha nye dhaki dununge asu baungan sing sajake dadi penggedhene. Tukijan lan Tukiya dadi mu dheng, jebul memedi kemamang lan colok saka tegal amba kuwi, yen dicedhaki lan bisa meruhi, tibake rupa asu sing mbun-mbunane murub geni tanpa kukus. 
Nom-noman loro kakang adhi kuwi ba nget wedi lan miris, luwih-luwih Tukijan awake nganti ndhredheg gemeter, kringete metu dleweran. Awit saka ora kuwat ngam pet wedine, tanpa pikir Tukijan mbengok sa rosane kanthi nyebut asmane sing Gawe Urip. 
"Gusti Allaaaahh! mung kuwi sing metu saka panjerite Tukijan lan Tukiyo uga melumelu nyebut asmane Gusti, melu mbengok nyebut, "Gusti Allaaaahhh!!" Bocah loro pa dha pating brengok bola-bali nyebut asmane Gusti Kang Murbeng Dumadi. 
Ana kedadeyan sing aneh, krungu pam bengoke Tukijan lan Tukiyo sing nyebut as mane Gusti, asu-asu sakbulak mau padha pating jenggirat, dumadakan lap ilang tanpa tilas embuh menyang• ngendi ilange. Kanthi ati dheg-dhegan keweden, Tukijan lan Tuki yo mulih menyang ngomah, sebab kelingan yen ninggal Mbokne sing lagi lara banget. 
Tekan ngomah nom-noman Ioro mau nga dhepi kedadeyan sing aneh maneh, yakuwi Mbokne sing ditinggal kahanane lara banget mau, lha kok saiki lagi lungguhan ana ndhing klik dawa, katon wa ras-wiris seger buger kaya ora ana tandha-tandhane mentas lara. Tukijan takon marang Mbokne, ya Mbok Kerto. "Lho Mbok, sim bok mau rak lara ta? Iha kok saiki waras sing nambani sapa Mbok?!" 
"Lha sing lara kuwi sapa?" Mbok Kerto mangsuli sajak ora mu dheng. "Wong wiwit sore aku keturon, ta ngi-tangi nggoleki ko we bocah loro kok ora ana. Mula aku tangi ngenteni mulihmu. Ko we mau saka ngendi ta Jan?!" 
Tukija mangsuli lan crita yen mentas saka bulak amba,lan kabeh lelakon sing nya lawadi sing mentas dialami karo Tukiyo, dicritak ake menyang Mbokne. Mung Tukijan lan Tukiyo tetep rumangsa aneh, dene Mbok ne saiki katon waras-wiris, ora ana tabete mentas lara, lan Mbok Kerto uga ora ngru mangsani yen mentas lara. Sa wise lelakon aneh ing wengi kuwi, kakang adhi Tukijan lan Tukiyo isih kudu ngadhepi lelakon sing Iuwih dening aneh lan nyalawadi. Seje dina sawise kuwi, wancine ndungkap tengah wengi, Mbok Kerto wis wiwit sore mapan turu, Tukijan karo adhine isih kelap-kelip ora bisa turu, kelingan lelakon aneh dhek wingi bengi. Dumadakan lawange ana sing mbukak saka njaba, lan ora let suwe ana wong pirangpirang mlebu ngomah, wong-wong mau ca cahe kira-kira wong sepuluh, tur nganggo sandhangan kaya Prajurit Kraton. Ora ngu cap apa-apa, wong-wong mau ngglandhang Tukijan lan Tukiyo, digawa metu saka ngomah. 
Tukijan lan Tukiyo sing mung nganggo sarung karo klambi saanane kuwi diglan dhang metu saka desa, embuh arep digawa menyang ngendi, sing genah arahe me ngulon. Rumangsane bocah loro kuwi du rung adoh metu saka desa, nanging alame kok seje. Sakulone desa kathik ana omah gedhong magrong-magrong, sing selawase iki ora tau ana.
Saiba kagete lan gumune Tukijan lan adhine, awit wong-wong sing diadhepake lan lungguh ana pagelaran mau, ora liya wong-wong desane sing kabeh wis disu murupi padha mati ketaman pageblug. Lan sing Iuwih nggumunake, dene wong-wong mau padha meneng kabeh, lan kaya-kaya ora weruh lan ora tepung karo Tukijan lan Tukiyo. Nanging genah-genah kuwi wongwong desa sing wis padha mati kena lelara. Katon ana kono jenate Lik Pawirodono, jenate lek Legiyem jenate kang Sukir, jenate Kang Kardiyo, jenate Yu Surip lan isih akeh maneh liyane, mung sing genah wong-wong sing ana kono kabeh wis padha mati ketra jang pageblug. 
Penggedhe sing nganggo sandhangan luwih gumebyar tinimbang andhahane mau ngucap karo nudingi Tukijan lan Tukiyo. 
" 0 ... iki ta uwonge sing dhek wingi wa ni ngindhik lan ndingkik aku sakanca?! Apa kowe cah loro kepengin takkatutake kaya kanca-kancamu iki apa piye?!" Penggedhe mau meneng sedhela mripate mencereng mendeliki Tukijan lan Tukiyo lan nerusake ucape. 
"Anane wong-wong desa kene padha takcidhuki bakal taksowanake ngarsane Kan jeng Ratu. Awit wong desa kene racake wa take sawenang-wenang, cengkiling lan te gelan ora duwe watak koma-koma. Kejaba kuwi wong desa kene padha ora ngerti me nyang panembahe sing sejati, sing dige dhek-gedhekake mung nuruti kanepson, se songaran lan dhug-dhengan, kaya rumangsa menangan dhewe. Mula wong desa kene kudu entuk pepeling lan dukane Kanjeng Ratu". 
Lagi tekan semono sing diucapake peng gedhening lelembut mau, Tukijan lan Tukiyo uga wis rumangsa yen lagi diwalik alam, uta wa lagi mapan ana alaming bangsa alus. Tukijan eling marang _Pangwasaning Gusti Allah Kang Maha Kuwasa, nanging rumangsa ora duwe cekelan ngelmu apa-apa. Tukijan mung duwe apalan Surat Alfatehah thok, ora duwe apa lan ayat-ayat suci liyane. Na nging Tukijan kanthi rasa panyuwun tenantenan marang pitulunganing Gusti AIIah, lambene ndremimil ngapalake waosan wiwit Audzubillahi Minassyaithonrrojim, Bismil lahiromanir rohim, lan sapiturute nganti sa teruse. Dene Tukiyo kelingan piwelinge swar gi Mbah Kakunge biyen, jare yen diwalik alam dening bangsa alus, supaya ngapalake Caraka Balik, yakuwi apalan Ha Na Ca Ra Ka sapiturute, nanging diwaca kuwalik. 
Ya kuwi Nga Tha Ba Ga Ma, Nya Ya Ja Dha Pa, La Wa Sa Ta Da, Ka Ra Ca Na Ha- Mangkono diapalake bola-bali, disartani manthenging panyuwun marang wasesaning Gusti Kang Maha Kuwasa. Dumadakan ana kaelokan, kahanan sing padhang njingglang sanalika dadi mati pet peteng ndhedhet, wong-wong sakitere kono padha ilang embuh menyang ngendi, lan weruh-weruh Tukijan lan Tukiyo mung kari wong loro ana tengah mbulak ngilak-ilak, utawa ana ara-ara amba sakulon desa. Tukijan lan Tukiyo mulih menyang ngo mah, wancine wis parak esuk, nanging sre ngenge durung jumedhul. Ana ndalan wong loro rumangsa aneh, dene ora ketemu wong siji-sijia. Tekan ngomah bocah loro padha mlebu ngomah, dumadakan maktratap, ora ngerti mula bukane, ngerti-ngerti Tukijan lan Tukiyo turu mlumah mujur ngalor ana klasa tengah jogan. Ing kono katon Mbok Kerto lagi nangisi awake, lan ana uga Mbah Rejo setomo, Pak Bayan Harjodiyono lan isih ana maneh sawatara tangga cedhak. Miturut Mbokne lan wong sing padha teka kono, jare Tukijan lan Tukiyo mau wis mati. Lan kabeh padha gumun Iha kok saiki urip maneh kaya mentas melek saka turu kepati. Tukijan lan adhine nuli nyritakake lelakone mau bengi sing nyalawadi. Sing krungu padha pating domblong kaworan tintrim. Mbah Rejoseto mo nyelani ngendika. 
"Yen ngono lelembut sing mboktemoni kuwi padha karo sing teka ana ngomahku dhekemben kae. Mung emane wong-wong desa kene padha ora percaya karo kandha ku. Mula ya ngger, sawise lelakon iki, kowe kabeh takkandhani, ayo padha bali menyang tumindak bener lan utama, aja dibaleni ma neh duwe watak sing adigang-adigung tege lan cengkiling marang sapadhaning urip. Sing Iuwih wigati maneh yakuwi, wong-wong desa kene ayo padha ngeblatake panembah marang sejatine Kang Sinembah, yakuwi Gusti Allah Kang Maha Kuwasa, aja nyembah marang brahala. Awit pageblug sing nrajang desane dhewe iki sejatine wujud pepelinging Gusti Allah marang titah supaya weruh ma rang sejatine kang sinembah": 
Mangkono wejangane Mbah Rejoseto mo, dina-dina bacute, wong desa kono sa ben wengi padha kumpul neng bulak amba, padha Ibebarengan nindakake Sholat merto bat/pertobatan, nyuwun pangapura marang Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Sholat jama ah mau dipandhegani utawa diimami dening Kyai Supi, sing rawuh saka desa sajabane wewengkon. Kyai Supi wekasane uga dadi Guru Ngaji lan Guru Agama, nenuntun ma rang wong desa kono, supaya bali marang keblating panembah kang sejati. Masjid sing maune sasat ora ana sing nyaba, wiwit kuwi akeh sing padha nekani, lan nindakake sholat. 
Apamaneh ing•jaman saiki, Masjid Weru wis dibangun rupa gedhong magrong-ma grong, lan saben dinane ora tau sepi uwong. 
Mangkono babaring carita sing dikojah ake Mbah Marto Tukijan, sing dhek enome jenenge Tukijan. Mbah Marto Tukijan saiki wis yuswa pitungpuluh lima taun, urip pra saja ana desa Weru, lan isih tetep tekun anggone sholat manembah marang kang ku du sinembah, utawa marang sejatining kang sinembah. Lha sapa ta sejatine nom-noman Tukijan sing saiki asmane Mbah Marto Tuki jan kuwi, ora liya ya wong tuwane utawa ba pake sing gawe crita iki. Lan desa Weru saiki dadi desa maju lan ayem tentrem. Nuwun sewu para maos, dhek biyene desa Weru kuwi kondhang karan desa 'Weru Kepruk. Ya amarga wong-wonge sing padha duwe: watak brangasan, lan tegelan. Nanging saiki seje, sebutan Weru Kepruk wis ora tau kocap maneh, sebab wong-wongane racak padha sengsem menyang kautaman. CUTHEL 

Ana maneh kedadeyan nyleneh tur nya lawadi, sing dialami Tukijan lan Tukiyo. Nomnoman loro kakang adhi kuwi anake randha sing jeneng Mbok Kerto. Wiwit cilik Tukijan lan Tu kiyo wis ditinggal seda bapake. Esuk mau latar ngarep omahe Mbok Kerto disaba asu ireng cacah loro. Tukijan lan Tukiyo uga weruh anane asu-asu mau. Mbok Kerto akon anak-anake supaya nggu sah asu ireng mau. Na nging Tukijan lan Tukiyo ora gelem mangkat, awit wedi kedadeyan kaya sing dialami Lik Pawirodono, sawise mbabit asu ireng terus lara lan dadi patine. Weruh anake dikongkon nggusah asu ora mangkat, kepeksa MBok Kerto tu mandang dhewe. Asu-asu kuwi dioprak-oprak ngang go sapu gerang, lan asuasu mau padha lunga klun trung-kluntrung ninggal ake latare Mbok Kerto, embuh menyang endi pa rane. Nanging sorene sa wise lelakon kuwi Mbok Kerto lara panas, nganti bengi panase ora suda malah sansaya banget, malah wis wiwit ndleming ngomyang werna-werna, sing ora genah ukarane. Tukijan lan Tukiyo nunggoni Mbokne sing lara panas karo ati was-was, kaya wis bisa mesthekake yen mbokne sesuk utawa mengko bangun mes thi tilar donya kaya wong-wong liyane. Ngan ti tengah wengi Tukijan lan Tukiyo ora bisa turu, awit nunggoni Mbokne kanthi ati ketirketir lan sedhih banget. 

Picture
Nom-noman kakang adhi kuwi diajak mlebu menyang omah gedhong kuwi. Ing njero katon pagelaran jembar gilar-gilar, kahanane padhang njingglang sanadyan tanpa nganggo disuleti diyan. Ing kono akeh, wong sing nganggo sandhangan cara Pra jurit Kraton, tur nyekeli tumbak kabeh. Ana salah sijine wong sing nganggo sandhangan luwih gumebyar tinimbang liyane, mbok manawa kuwi sing dadi penggedhene. Sa ngarepe penggedhe ana gelaran, ing kono akeh wong sing padha diadhepake menyang penggedhe mau. Tukijan lan Tukiyo diadhep ake uga,lan diworake karo wong-wong akeh sing padha lungguh ngisor ana gelaran. 

Delman yang tersesat (Andong Kesasar)


Di Desa  Boto masih banyak orang yang mempunyai Delman. Rodanya hanya terbuat dari kayu dialasai karet Roda mobil bekas, sapipenarik delmanya dipelihara dengan baik dan terawat supaya kuat menarik delman muatan batu bata penuh. 
Cocok dengan nama desanya "Boto" hampir setiap rumah mata pencarian yaitu pengrajin batu bata. Kualitas batu batanya sudah terkenal, karena dibakar dengan kayu sehingga berkualitas bagus.
Pak Sali dibantu anaknya Sapari mengerjakan pembuatan batu bata, untuk mencukupi kebutuhan kayu mencarinya sampai ke desa sebelah yaitu desa Candhi. Pada suatu hari Pak Sali dan Sapari berangkat ke desa Candhi untuk menebang pohon trembesi. 
Harga pohon trembesi sudah sesuai dengan pemilik pohonya. Untuk itu Pak Sali membawa Parang yang besar dan parang yang kecil. Parang yang besar untuk membelah kayu, sedang parang yang kecil untuk memotong kayu kecil, begitu juga gergaji sudah disiapkan.
Hampir Setengah hari penuh Pak Sali dan Sapari memotong pohon trembesi yang besar di desa Candhi. Setelah selesai memotong, mereka berdua kemudian istirahat di warung desa untuk makan dan minum.
Sapari orangnya masih bujang, dasar watak anak bujang setiap ada cewek cantik matanya pasti jelalatan. Kebetulan yang jualan di warung tersebut cewek cantik.
"Ibu nya kemana dik kok sendirian melayani di warung?" tanya Sapari membuka percakapan.
"Ibu lagi pergi ke kota mas, katanya mau kulakan di pasar" jawab cewek penjual warung
"Jam segini kok belum datang" 
"Gak tau mas padahal tadi sudah saya ingatkan, kalau kulakan gak usah banyak banyak. lagipula warung kita juga akan kena gusuran sebentar lagi" 
“Kena gusur, apa gak dapat ganti rugi to dik?" tanya Pak Sali ikut heran
"Belum tau pak katanya orang orang yang jajan kesini mau dibangun Dolog"
"Dolog itu apa to dik?"
"Kurang tau saya, tapi katanya orang orang itu Dolog itu GudangBeras" 
"Yang kena gusur dapat ganti rugi donk' tanya sapari bersemangat 
"Ya dapat mas tapi gak seberapa kok ganti ruginya, cuma warung kecil kecilan seperti ini aja" 
"Namamu siapa toh dik?" tanya Sapari bersemangat sambil makan....."Aku?" kelihatan cewek penjual warusng tersebut senang diajak kenalan.
 "Namaku Warsini, kalau mas namanya siapa?" 
"Kenalkan, aku Sapari, ini bapaku Pak Sali. Pekerjaanku ya begini dik, membuat batu bata. ini baru saja selesai menebang pohon trembesi pinggir sawah sebelah timur sana untuk membakar batu bata"
"Pesenanya banyak mas?" 
"Ya lumayan mumpung musim kemarau dik, saat yang tepat membuat batu bata dan banyak orang yang membangun rumah" 
"Tapi kalau musim Hujan harganya naik to  mas?" 
"Iya tapi biasanya sepi yang pada pesan batu bata"
Setelah beristirahat sebentar pak Sali mengajak pulang Sapari. Kayu kayu yang sudah dirapikan di pinggir jalan dinaikan ke atas delman, karena muatanya terbatas sebagian ditinggal nanti akan diangkut lagi. 

Kayu yang masih utuh gelondongan masih banyak, besok besok akan dikerjakan lagi dipotong potong. Begitu sampai beberapa hari seterusnya Pak Sali dan Sapari sampai habis kayunya. Tidak lupa ketika istirahat makan dan minum pasti selalu mampir ke warungnya Warsini. Lama kelamaan Sapari semakin berani menggoda bercanda dengan Warsini. Ketika waktu sudah sore, malam jumat kliwon, Sapari disuruh bapaknya mengambil kayu yang terakhir. Meskipun sampai malam, kayu kayu itu harus sudah selesai diambil, karena menurut hitungan sesepuh desa, waktu yang tepat dan bagus untuk memulai membakar batu bata adalah besok jumat.


Walaupun masih capek Sapari berangkat tapi Pak Sali tidak ikut membantu karena kecapekan. Akhirnya Sapari berangkat sendiri. Misalnya nanti kerepotan Sapari disuruhbapaknya untuk mencari kuli membantu mengangkut kayu. Sore itu Sapari berangkat sendiri tidak membawa kuli. Sampai malam Sapari menaikan kayu ke delman. Setelah selesai pekerjaan Sapari bermaksud mampir ke warung Warsini. Tetapi warungnya tutu, terpaksa Sapari pulang dengan kecewa karena tidak bisa ketemu Warsini.


Sampai dekat kuburan desa Candhi, bulu kuduk Sapari merinding, karena kuburan desa Candhi terkenal Angker. Apalagi malam itu tidak bulan purnama sehingga semakin pekat malam, ditambah lagi adalah malam jumat kliwon.


Sapari menyalakan rokok mengusir sepi, tapi kok rasa rokoknya tidak enak. Sambil merokok Sapari melamun.....

"Ah Warsini memang manis, walaupun cantiknya gak seberapa, tapi hatiku sudah mantab, Warsini pilihanku" begitu bathin Sapari dalam lamunan.
Tekan sacedhake kuburan Patian, githoke Sapari mrinding. Jalaran kuburan Patian kono terkenal angkere. Apamaneh wengi iku pinuju petengan, ora ana rembulan. Ketambahan malem Jemuah Kliwon pisan. Kemudian Sapari mengingat kembali ketika terakhir kemarinbercanda dengan Warsini.
"Dik sudah punya pacar apa belum?"
"Punya apa to mas" jawab warsini sambil mencubit lengan Sapari. Waktu itu pak Sali sedang tiduran di depan warung, mungkin sengaja memberi kesempatan anaknya untuk pacaran.
"Mau dilamar to mas?" jawab Warsini manja sambil bersandar di bahu Sapari 
"Beneran kok dik, rasanya hatiku sudah mantab, gak tau setiap dekat denganmu rasanya damai begitu" 
"Dipikir yang matang mas,nanti kalau kecewa belakangnya, aku anaknya orang gak punya, tidak cantik dan tidak kaya. Yang kamu senengi apanya mas?"
"Orang berjodoh itu yang penting cocoknya di hati dik, tidakmemandang harta kaya atau miskin. Cuma aku minta kemauanmu,mau atau tidak aku lamar"
Ketika itu Warsini hanya menunduk tidakmemberikan jawaba, setelah ditanya terus  kemudian menjawab....
"Kalau mas memang mantab sama aku, aku juga gak keberatan mas"
Hati Sapari terasa bahagia.   
Tiba tiba bulu kuduk Sapari kembali merinding. MAlah ditambahlagi mencium bau kembang Kenanga lengkap dengan daun Sirih. Kemudian Sapari teringat pesan Kyai Salam, kalau sewaktu waktu mencium bau menyan, daun sirih atau bulu kuduk merinding disuruh memegan pusarnya pakai jempol kiri sambil mengucap...."Salamu'alaikum kiftahu roh khalifi, assalamu'alaikuni kiftahu billa roh" 
Tidak lama kemudian tampak di depan Sapari bayangan remang remang, seperti sosok wanita cantik di pinggir jalan ada tumpukanbarang barang, seperti orang yang mau pindahan. 
"Mas!!ini sepertinya mas Sapari ya?" Sapari mendengar suara, dia ingat itu suaranya Warsini
"Lho!!dik warsini, kamu kenapa disini?
"Ibu saya ngajak pindah mas. ini tadi aku lagi mencegat kendaraan, tidak ada truk atau mobil yang mau berhenti mas"
"Lha ini  kok disini, mau pindah kemana to dik?"
"Tadi aku pindahan pakai Mobil bak terbuka punya Pak Lurah, tapi sopirnya tidak mau ngantar sampai tujuan, katanya jalanya jelek. Padahal tinggal sebentar kok mas. Sampai tikungan itu terus ke kanan"
"O...pindah ke desa Patian to dik?"
"Iya mas, aku ditolongin dong masaku dianter ya?sudah malam, nanti ditunggu ibu di rumah,kemana kok sampai malam belum sampai.
"Lha ibukamu sekarang dimana?"
"Ibu Sudah berangkat siang tadi mas, membawa sebagian barang barang kemudian aku disuruh belakangan nyusul"

"Aduuuh kasihan betul kamu dik" Sapari kemudian menaikan barang-barangnya warsini. Setelah selesai menaikan barang barang, Sapari membantu menaikan Warsini. Kesempatan....Tangan Sapari menjamah, Warsini cuma menjerit pelan....."Ah mas itu lho ah"

Sampai tikungan dekat jembatan, ada jalan belok ke kanan.  

Lampu penerangan kana kiri jalan lumayan membuat suasana tidak begitu gelap pekat. Malahan sebelah Selatan jalan dari kejauhan tampak seperti sedang punya hajat. "Nanti bermalam di rumahku saja ya mas?" warsini menaari Sapari
“Ah, sungkan aku! belum jadi suamimu kok aku disuruh menginap di rumah anak gadis orang lain”
“Siapa yang kamu sungkani mas? Kalau ada tetangga yang tanya, nanti aku bilang kalau mas saudara masih keluarga, nanti  juga tetangga paham dan mengertim sambil lihat gamelan gending gending kebetulan ada yang punya hajat mas"
Akhirnya Sapari menginap di rumah Warsini, hampir semalam suntuk memadu kasih dengan warsini. Ditambah alunan suara gamelan semakin menambah bahagianya hati sapari, semakin bertambah nafsu memadu kasih.
Sapari ketiduran karena kecapekan. Paginya lamat lamat masih terdengar suara gamelah yang ditanggap tetangga yang sedang punya hajat. Sapari masih enak enak meneruskan tidurnya sambil menikmati alunan gamelan. Lagipula suara sindenya tidak kalah dengan suara Sunyahni sinden terkenal.

Tidak lama alunan gamelan hilang, ganti terdengar suara orang ribut di sekitar kanan kiri delman Sapari yang ditaruh depan rumah Warsini. Sapari membuka mata lebar lebar!! ternyata yang terlihat dia ada di tengah kuburan desa Candhi....

Orang orang yang lagi ribut tadi tanpa menunggu perintah kemudian melepas roda delman dan menuntun sapinya keluar dari kuburan.
Sapari bergegas keluar dari kuburan, anehnya bagaimana ketika delman masuk kuburan tidak menyenggol apalagi merobohkan Patok (nisan). 
Seminggu setelah peristiwa itu Sapari ketemu Warsini di pasar. Sapari disapa tetapi malah lari tunggang langgang meninggalkan Warsini yag kecewa. Ibunya Warsini tau bahwa ada yang berubah dan kecewanya warsini terlihat dari gelagat anaknya. Setelah ditanya Ibunya barulah Warsini mengaku kalau sudah dibuat kecewa oleh Sapari. Sapari dianggap ingkar janji, lupa akan omongan dan janji yang akan melamar warsini. Ibunya bergegas melabrak ke rumah Sapari meminta kejelasan Sapari.
Sapari kaget, kemudian menceritakan pengalamanya hingga sampai tersesat masuk kuburan desa Candhi. Ibunya warsini terkejut mendengar cerita Sapari, lalu disampaikan kepada anaknya Warsini. Adapun Sapari lari ketika ketemu di pasar karena masih takut, jangan jangan ketemu lagi sama hantu.
“E, kok bisanya hantu itu nyamar mirip persis kamu nduk”
“Kalau begitu mas Sapari gak salah ya mak”
Tak lama kemudian , Sapari dadi pengantin bersanding dengan Warsini.